Subscribe:

Labels

Kamis, 02 Februari 2012

Geguritan Urip


Padhang Njingglang katon kasarasan
Panase Srengenge ugo ngancani
Katon ing tengahe mega angkasa
Bagaskara ngetog ing nduwure bumi

Wektu iku uwong pada mbanting tulang
Nguripake sarira kang kasunyatan ringkih
Butuh sego, lawuh, lan banyu
Dienggo nggolek penage awak ning urip

Nanging, iku kabeh dipasrahke marang Gusti
Bagaskara ing mega kang dadi pacoban
Ora kena dipikir kanggo entuk mulyane urip
Lan dienggo ngentukke tegese rekaos ing dhonya

Nadyan ora iso dilalekke
Rasa Syukur kangge Gusti Kang Maha Kuasa
Sing maringi panggesangan saben dinten
Kang luih saka samudra
                                     

0 komentar:

Posting Komentar